GULO ABANG DIBUNTEL TELO

in cassava •  2 years ago 
Jemblem ya iku panganan gorengan werna coklat sing digawé saka telo awujud endhog pitik sing wujudé bunder lan diisi gula abang. Jemblem minangka salah sawijining jajanan pasar sing bisa ditemokake ing pasar lan ing warung. Jemblem digawe saka adonan singkong teles sing diparut utawa digiling alus dadi bunder kaya endhog pitik lan diisi gula abang, banjur digoreng nganggo minyak akeh. Sawise padha coklat, diangkat lan siang dihidangne. Cemilan klasik iki cocok kanggo dadi cemilan wektu ngopi utawa teh ing wayah esuk. Sing dibutuhake kanggo nggawe jemblem: Bahan: 500 gram singkong, dikupas lan diparut. 100 gram klapa parut kasar. ½ tsp uyah. 75 gram sisir gula abang. Minyak kanggo nggoreng. Carane nggawe jemblem: Siapke wadhah sing resik, lebokne telo sing wis diparut lan klapa parut ing wadhah kasebut. Aduk rata nganti adonan dadi lembek disiram uyah minangka penambah rasa. Njupuk adonan sethithik, uleni kek i gula abang sisir ing ndhuwure. Padetne kanthi cara dikepal-kepal. Pastekne manawa gula abang ora metu lan bocor nalika digoreng. Siapke wajan sing diisi lenga panas, goreng jemblem nganti wernane kuning emas. Goreng jemblem kanthi panas sedheng nganti kecoklatan, angkat banjur tirisake lan siap disajikan. Gampang kan nggawe jemblem ing omah? Monggo njajal ndamel.

photo_2022-03-22_22-10-02.jpg

Authors get paid when people like you upvote their post.
If you enjoyed what you read here, create your account today and start earning FREE STEEM!
Sort Order:  

Comment deleted! ⚠️
Original comment is phishing. 🐠
Sorry. 🙏