NGAPAK CORNER #2 KESENIAN KHAS BANYUMASAN

in ngapak •  6 years ago 

 

 

Halo sedulur kabeh, priwe kabare ? Moga – moga padha waras bedhigas donya akherat Amin....Ketemu maning nang Ngapak Corner, Edisi kali ini inyong arep ngulas babagan kesenian khas Banyumasan.

Seni lan budaya khas Banyumasan tuwuh lan umure padha karo peradaban Jawa Kuna.Beberapa ana sing entuk pengaruh budaya sekang Mataraman.

Kie beberapa contone Kesenian khas Banyumasan

1. EBEG


Foto : Pemain Ebeg | Source

Sapa wonge sing ra ngerti Ebeg / Ebleg. Ebeg kue kesenian tari tradisional sing paling terkenal nang dhaerah Banyumasan. Tarian kie nganggo “ Ebeg : yaiku anyaman sekang pring sing bentuke kaya jaran diwernani ireng utawa putih diwenehi kerincingan. Penarine nganggo rangkepan kathok batik, kacamata ireng, makhutha, sumping.Tangan karo sikile uga diwenehi kerincingan. Tarian kie diiringi karo gendhing gamelan. Peralatan kanggo pengiring Gendhing sing digunakaken yaiku kendang, saron, kenong, gong lan trompèt. Saliyane peralatan gamelan karo tarian, ana uga ubarampe ( sesajen ) sing kudu ana yaiku kembang, gedhang raja karo gedhang mas, degan lan jajanan pasar. Unike sekang tarian Ebeg kie yaiku pas wayahe pemaine mendem ( kesurupan ) biasane mangani beling, ngonceti degan ngambi untu, karo mangan bamba. Lha kie sing paling dienteni sekang Ebeg kie.

2. LENGGER CALUNG


Foto : Para Penari Lengger | Source

Jenenge be Lengger Calung, tarian kie isine Lengger ( penari ) karo Calung ( gamelan sekanng pring ). Penarine obahe dinamis lan lincah ngetutna suara gendhing Calunge. Jumlah Lenggere biasane 2 ngasi 4 wong. Klompok calung mbutuhna paling ora 7 anggota sing kalebu pemain gamelan lan penari / lengger karo sinden.

3. WAYANG KULIT BANYUMASAN


Kaya wong Jawa umume, wong Banyumasan uga seneng nonton pertunjukan wayang. Wayang nang Banyumas diarani gaya Grag, mangkane diarani Wayang Gagrag Banyumasan. Seni Wayang Gagrag Banyumasan kie jan – jane ya padha bae karo wayang kulit Jawa liyane. Mung bedane nang basa sing dinggo karo ana karakter wayang sing beda yaiku nek nang wayang kulit liyane Bagong nang Banyumasan diarani Bawor.

Tokoh Bawor Ikon Wayang Kulit Banyumasan

4. GENDHING BANYUMASAN


Gendhing khas lagu Banyumasan yaiku dadi pewarnaan maneka warna seni tradisi Banyumasan, malah dadi ciri khase. Utamane karo macem-macem kreasi anyar sing bisa nampilna irama Banyumasan lan dialek Banyumasan. Ciri khas liyane Gendhing Banyumasan ana parikan yaiku pantun sing isine sindiran, irama luwih dinamis tinimbang irama Yogya-Solo malah luwih mirip karo irama Sunda. Syair - syaire umume ngemot pitutur, humor, nggambaraken wilayah Banyumas lan ngandhung kritik sosial masyarakat. Lagu Banyumasan bisa diputer karo gamelan biasa utawa gamelan calung. Kaya irama gendhing Jawa umume, irama gending Banyumasan uga ngenali laras slendro lan pelog.

5. MUSIK KENTHONGAN BANYUMASAN


Foto : Musik Kenthomgan Banyumasan | Source

Musik kenthongan nang Banyumas wis lair lan dikembangna dadi musik sing dadi atraktif lan bergairah. Saben grup bisa nampilake kreatifitas kanthi bebas, tanpa aturan baku. Kebebasan kreatifitas dadi salah siji atraksi musik iki. Saben klompok bisa ndadekakna gampang utawa rumit tèknik musik miturut kemampuan lan kepinginan. Musik Kenthongan musik nang Banyumas sebenere wis ana awal taun 1970-an. Nang Kecamatan Cilongok, Kabupaten Banyumas ( kurang luwih 10 km arah kulon Kota Purwokerto) ana sekelompok wong sing ngembangake kenthongan dadi perangkat alat musik. Carane nggawe alat kenthongan jumlahe akeh terus ditabuh bareng – bareng. banjur ngalahake. Ing wektu kuwe ana wong nyoba nglebokaken instrumen musik sing nyrupai angklung sing cara nabuhe ditutuk. Banjur dadi aransemen musik Kenthongan.

 

Nah kue beberapa kesenian khas Banyumasan. Wajib dilestarikan kue ya lurr !!! Aja ngasi kalah karo kesenian sekang luar negeri.

 

#banyumasan #ngapak #seni #pesonaindonesia

 

Pamungkas de L@ste


@pamungkas-laste

 




Posted from my blog with SteemPress : https://pamungkas-delaste.000webhostapp.com/2018/07/ngapak-corner-2-kesenian-khas-banyumasan
Authors get paid when people like you upvote their post.
If you enjoyed what you read here, create your account today and start earning FREE STEEM!
Sort Order:  

Tribute to mr. kaput. Pentul ebek wanakriya

Posted using Partiko Android

👆Tukang mendem kie 😀

Posted using Partiko Android

Asik mas @pamungkas-leste artikel e.
Kalau di Malang Ebeg iku jenenge jaran kepang.

Matur suwun

Posted using Partiko Android

Congratulations @pamungkas-laste! You have completed the following achievement on Steemit and have been rewarded with new badge(s) :

Award for the number of upvotes

Click on the badge to view your Board of Honor.
If you no longer want to receive notifications, reply to this comment with the word STOP

To support your work, I also upvoted your post!

You can upvote this notification to help all Steemit users. Learn why here!

Speechless... G ngerti sama sekali 😂😂😂

Posted using Partiko Android

Mbah gugel aja bingung wkwkwkwk

Posted using Partiko Android

Wkwk... Mbah google yang IQ nya diatas 1000 Aja bingung apalagi Saya yang IQ rendah hehe

Terimakasih sudah resteem mas

Posted using Partiko Android

Sama-sama mbak

Posted using Partiko Android

kiye mas bot e ora di undang apa?

Bot e wis jeleh hahahha

Posted using Partiko Android