Hantu Kuntilanak (Puisi Ngapak)

in poetry •  6 years ago  (edited)


Hantu Kuntilanak


Jane rupamu ayu.

Rambut dawa, mata sayu

Klambi putih , sikil ngambang ra nggo sepatu.

Ambune melathi ngambar-ngambar nang nduwur wit waru.

Nangis ngrintih suarane alus nang tengah ndalu.

Ngenteni bakul sate menawane liwat ndalan sepimu.

Sapa ngerti ana sing gelem mbatiri ngilangna kangenmu.

Kuntilanak mblayang geyong-geyong nang ngisor wit randu. 

Melas temen ora ana sing peduli karo uripmu .


Budi Hastuti, Magelang, 2-11-2018.

Lingkar Sastra Gombong (Lisong)

Authors get paid when people like you upvote their post.
If you enjoyed what you read here, create your account today and start earning FREE STEEM!
Sort Order:  

Posting ini menarik dan sudah kami resteem ke 7824 follower ya.. 8-) (Sebagian kontribusi kami sebagai witness untuk komunitas Steemit bahasa Indonesia.)