Rujak Pace Jambu Mede (Puisi Ngapak)

in puisi •  6 years ago 

Rujak Pace Jambu Mede 


Jaman aku esih cilikan

Nang kampungku,nang alas Nang pekarangan

Esih akeh wowohan pace

Lang uga jambu mede


Kumpul bareng kanca-kancane

Lanang lan wadon rame-rame

Ngumpul nang latar gawean rujakan pace jambu mede

Akeh bahane,ana babal,Pace,jambu mede, gula, Uyah, terasi, lombok, ora lali gula Jawane


Terus di gemplong, nang jubleg nganti campur bawur

Bar kue gore mangan nganggone pincukan godong gedang rame-rame

Wis , ma, yung, kang, yayuk, pokoke aja takon rasane, nganti klalen sekabehane

Tapi siki mung gari kenangan,ilang batir pada saparan-paran,ora ana maning sing gawe rujakan


Rujak Pace jambu mede ilang mung gari kenangan


---

Karan Figo cah sikayu, JKT:21/9-18,19:19

Lingkar Sastra Gombong (Lisong)

Authors get paid when people like you upvote their post.
If you enjoyed what you read here, create your account today and start earning FREE STEEM!